Minggu, 22 Mei 2011

Pendidikan Jiwa sebagai Ciri Pendidikan Pesantren

Ceramah Penutup KH. Mustofa Aqiel Siradj pada Peringatan Haul KH. Muhammad Said, Sesepuh dan Almarhumin Pondok Pesantren Gedongan ke-80


Assalamu’alaikum wr. wb.

<....>
Qala Rasulillah Waala Alihi Wasahbihi Wa Mawwalah, Ama Ba’du


Para hadirin hadirat...

Waqalallahu Amarokum Waatqqakum Fii Thoatih....

Wau SMS saking Kang Said macet dateng Cikalong, sampe jam ½ sebelas, amanate gantenana --Gantenana wayah apa, wis jam rolas gantenana--

Dados kula terakhir mawon, bade ngaturaken pangapuntene Kang Said, toli ndonga bae ya, ndonga ya? Nggih ndonga bae, wis. Wis wareg, pengajiane jero; niku namine Gus Qoyum Putrane Mbah Mansur Lasem. Bli lokan sekolah, tapi ‘alim luar biasa, angel. Niku molane, Allah dawuhe : Iqra Bismirabbikalladzi Kholaq, Khalaqol insaana min ‘alaq. Iqra’ warobbukal-akrom. Akrom!. Kapan wong blajar toli bisa arane “Al-Karim”. Tapi kapan wong bli blajar maning toli bisa, arane Al-Akrom. Kanjeng Nabi boten blajar, tapi bisa segala-galae, arane "Al-Akrom". Barang sampean, blajar dingin nembe bisa arene Al-Karim, apa maning diajaraken bae bli bisa-bisa, mbuh apa arane kuen....?. Kira-kira potongane kula karo sampean mengkonon, kira-kira ....


Para rawuh ingkang kula hormati....

Kyai Said luar biasa sekali, namun sayang, sayange wis langka model Kyai Saide. Kuale mong bisa tabarukane bae. Pertanyaane, wayahe kula mati; dialap barokahe tah beli? Ari ngalap barokah sih pinter-pinter, dialap barokahe beli bakale potongan kula karo sampen kuh....!?

Para rawuh, salah satu Ki Said kuh (Yaa Allah, Yaa Rabbi), pernah --ibu-ibu-- Kyai Said mucal, mucale Hadis. Ari hadis dawuhe sinten? dawuhe Kanjeng Nabi. Biasane sampe jam? sampe jam sanga, sampe jam ½ rolas. Wonten tamu Residen, ngertos Residen?. Residen.... ari kien apa Residen....? Gubernur nggih, atau Wakil Gubernur, lah. Wau sih sapa?, Kepala.... apa sih ararene, kah? Kapolwil.

Kyai Said lagi mulang, jebol.... “Pak kyai ada tamu, Pak Residen”, “Oh, ya. Nggih, nggih”. Mulang.... terus, jebol maning. Sampe ngentosi .... “Nggih, iya, ngko dingin”. Sampe ½ rolas awit jam ½ sepuluh, tamue. Barang pragat marah-marah : “Kyai, jare sing arane kyai kudu ngormati tamu. Kenapa saya dari tadi, datang, dan memberi tahu kyai tidak turun-turun?!”. Kyai said jawabe : “Yaa Allah lupa, saya itu sedang menghadapi tamu yang lebih mulia daripada bapak. Siapa?! Rasulullah sallalahu ‘alaihi wasallam”, Yaa Allah. Sing tek waca hadis, Kanjeng Nabie hadir. Luar biasa. Mbah Said, ana tamu Residen, mulang teruus. Barang putune nembe ana tamu Camat bae prei mulange kah.... Bli mulang dundangi bae nig Camat kuh, apa maning Bupati, kah.

Ah, niki. Kenapa Kyai Said sampe teruus, klalen ning Residen, karena punya “Kontak Batin”. Kontak batin aqwa minal kontak dzohir. Kontak ruhani lebih kuat daripada kontak jasmani. Contoh; sampean dugi mriki niku kontake kontak, kontak napa? Kontak ruhani, kontak batin.

Syeh Abdul Qodir Al-Jaelani --saderenge dadi syekh, masih ustadz-- Ngaji ning Imam Abdillah. Mangkat, biasane mulange jam 6. Syekh Abdul Qodir teka ngaji jam 6 luwih 10, wis mulai. Begitu ustadz Abdul Qodir ngaji, kyaie lagi maca, deleng.... ana santri anyar, ditutup. “Wis ngaji semene bae, bubar!”.

<....> sukikie.... Ustadz Abdul Qodir Al-Jaelani setengah nem wis ningkrong, supaya aja aja aja, aja mari ngajie, jangan berhenti. Setengan nem wis ningkrong, jam 6 mulai, begitu “bismillahirrahmanirrahim....”, dideleng ana santri anyar, ditutup, ngajie bli sida.

<....> malem, dalu jam satu, kyaie nimbali santri; “Undangen santri mau, bocah kang melu ngaji kah, dundang”. Diundang jam satu kuh....

Masih dingin, di bawah nol derajat. “Sira sapa arane?”, “Abdul Qodir”, “arep apa?”, “arep ngaji”, “ngaji ning isun?”, “nggih....”, “temenan?”, “temenan”, ”nurut ning isun?!”, “nurut....”, “melu?!”, “mangga....”. dijak.

Dijak ning pinggir kali, ning pinggir kali gede masih dingin, “nurut karo isun?”, “nurut”. Dijongkrokaken, dijeburaken, ditinggal. Sukikie setengah nem, wis ngaji maning.

Maknane apa? teng riki “pendidikan kontak batin”. Mulane dateng Al-Quran; wayuzakkiihim nembe wayu’allimuhum. Pembersihan jiwa lebih dahulu, nembe diwulang ngaji. Kira-kira lamon mahasiswa dijongkrokaken ning dosene.... langsung dosene sukiki ning Polsek. Murid SMA, siswa-siswi SMA dijongkrokaken ning Guru SMA, sukiki.... ditaboki ning wong tuane. Kenapa? Karna tidak punya kontak batin.

Kontaknya hanya kontak sains, teknologi, rasio. Molane kyai, santri kah, ning kyai kah; kongkon nyapu, ro’an ngertos ro’an? njukuti apa, njukuti sukete sawahe kyai. Itu bukan memperbudak santri, bukan. Menciptakan tazkiyatun nafs, wayuzakkiihim. Kapan wis nurut, wis trima atiye, nembe diwulang. Ini kontak, kontak batin.

Rayaan, ning kiyai. Sampean Rayaan ning kyai kapan tanggal wolu, Yaa Allah.... Kempek penuh, Gedongan penuh, Buntet penuh, Jagasatru penuh, Raya Kupat. Tapi maklum, ya tes pada puasa, Rayaan kuh salamane --apa arane-- tangane alus-aluuus kabeh. Ya tes pada puasa sih, pak. Tes pada puasa, tangan alus-alus, Masya Allah.... Wong rongewu alus kabeh, rugi bae rugi kyeh....
<....>


Para rawuh ingkang kula hormati,

Lah niki, wong salaman Rayaan ning kyai, kontak batin. Mari menjawab, mari jawab : “Apa ana mahasiswa Rayaan ning dosen?. Apakah ada siswa-siswi SMA sowan Rayaan ning gurue?”, langka. Kenapa karna tidak punya kontak batin, hanya punya kontak rasio, ketemu pak?.

Imam Gozali, Hujjatul Islam, dadi Imam Masjid Besar, Rektor An-Nidzomiyah, Kyai Gedean, ngimami, dadi imam, duwe adi arane Imam Ahmad, bli gelem ma’mum. Lapor ning ibue : “Bu, Ahmad adik kula, bli lokan ma’mum. Tulung bu, supaya kula tambah gede, kira-kira adik kula kuh melu ma’mum....!”. Dadi dundang; “Mad, ma’mum ya, mad....!”, “Nggih....”, ma’mum --shalat dzuhur. Olih rong rokaat, mufaroqoh, ngertos mufaroqoh?. Boten tutug, sembayang dewekan. Tambah, tambah mengkel, tambah blenak Imam Ghozali, Masya Allah. Ya, mau-maua aja karo kita, ari mufaroqoh sih, blenak-blenaki. Katon-katon temen sedulur bli akur.

Akhir, warah karo ibue : “Bu, Ya Allah..., ma’mum sih ma’mum. Rong roka’at mufaroqoh. Kenang apa!?”. Gawe isin, diundang ibue : “Ahmad, bener sira mufaroqoh?”, “leres....”, “kenang apa?”, “Kula makmum olih rong rokaat, barang olih rong rokaat kula ningali ning atie Ghozali, ning atie Kang Ghozali ana getihe....”.

Ghozali, bener ana getihe?”. Kelingan Imam Ghozali, bener. Rokaat ketelu atie Iman Ghozali mikir hukume getih haid, Waqiila hukume istihadhah.

Imam Ghozali langsung; “Min ayna ‘arofta ya Ahmad?” (sing endi sira ngerti ilmu kaya konon?), “isun duwe guru”, “sapa arane?”, “Imam An-Nahsaaz”.

Mangkat Imam Al-Ghozali, numpak jaran, ejas, sorban, sarunge bagus, mangkat ning Imam An-Nahsaaz. Umahe kotor, tlepong mlulu, becak. Imam An-Nahsaaz ning jero lagu mutholaah. Imam Ghozali uluk salam : “Assalamualaikum...., Assalamualaikum...., Assalamualaikum....”, bli dijawab. Srog lamon jaman sekien; “Orang jawab salam itu wajib, kyai jeh bli njawab salam”. Ya wong bli ngerti, wong bli ngerti.

Imam An-Nahsaaz ngerti, uluk salame bli bener. “Assalamualaikum....”. “Jih budeg tah ya?. Ndlagdag bocah kah ya. Budeg tah ya, ndlagdag?!”.

Lah niku. Niki mulane, kon bener dingain atiye. Toli, “udhul akhi!. Sapa?”, “Muhammad, Al-Ghozali”, “arepan apa?”, “arepan ngaji”, “karo isun?!”, “nggih....”, “nurut!!!”, “nurut”, “Saponana latar!”, tlepong mlulu.

Imam Ghozali lagen luruh sapu, jare Imam An-Nahsaaz; “jangan pake sapu!”, dadi Imam Ghozali ngwingkis klambi. Sorban diwingkis, klambi diwingkis, sih dicincing sarunge. “Aja diwingkis, aja dicincing sarunge, karo tangan!!!”. Sedina tung nyaponi tlepong, nembe diulang. Wayuzakkihim, wayu’allimuhumul kitaab. Paham boten?

Pendidikan jiwa, dan itu adanya dalam pesantren, ngoten. Wontene teng pesantren. Sampean karna jiwa bae gelam ngaji kuh, padahal sih pegel <....>, ya wis pegel ya, endah-endahe, endah-endahe melu ngaji, endah-endahe.

Nah, jiwa ini sudah kosong di Indonesia. Sudah tidak ada, sudah tidak ada ee.... kejiwaan, sudah, sudah gersang, kenapa?. Sampean ngerti dewek, Yaa Allah Gusti.... endi kang masih lentur, fleksibel, ngayomi. Jare jaman kien kuh jare Kang Saide; tawassuth, tawazzun.... sudah tidak ada, semuanya gersang, semuanya bringas, semuanya sadis. Kenapa bangsa ini menjadi sadis? gersangnya jiwa....

Nabi Muhammad sallalahu alaihi wasallam, dadi nabi ning Mekkah, kenangapa dadi nabi ning Mekkah? Sebab Mekkah iku uwonge paling sadis, paling biadab, paling galak, paling kasar!. Sampe disebut Al-Qur’an : “Al-A’rabu Asayddu Kufron... wa Nifaqo”. Wong Mekkah sangat biadab, sangat kurang ajar. Kenapa sangat kurang ajar? Karena Mekkah daerah yang paling panas. Dadi kapan daerah paling panas uwonge.... kasar!.

Surabaya, Kota Pahlawan, Madura.... clurit, panas sih paling garam. Banten, golok. Panas. Kapan daerah atis beli; Jogya, Solo, alus-alus --bengiyene. Tukaran kuh bebasan.... langka cemera-edan-kunyuk, kopok kuh!. Tukaran kuh bahasa.... daerah alus, lah niku.

Lah, Kanjeng Nabi iku di Mekkah, kenapa? Daerahnya paling paling parah, berarti umatnya paling kasar. Tujuane kapan sing paling kasare kena, sejene.... sejene gampang. Mulane Kanjeng Nabi Hijroh dateng Madinah karna Madinah dominane wong Yahudi. Yahudi paling sengit ning Kanjeng Nabi. Kapan Yahudine kena, liyane gampang. Mulane isro’ dateng Palestina, karena Palestina --kaume arane Bani Israil-- paling tidak percaya kepada nabi yang bukan orang Bani Israil. Ditekani Bani Isroile, kapan Bani Isroil sing paling apik kena, sejene gampang. Mangan tebu endine dingin sing dicokot....? wukue dingin. Ngertos wuku? Wukue dingin. Kapan wukue kena liane.... gampang. Waktu Orde Baru sing diupai patromak kyaie dingin --kira-kira begitu lah. Dipai sarung dipai ‘tromak, kapan kyaine kena liyane.... persis begitu kira-kira...

Nah, dadi Kanjeng Nabi dadi Nabi ning Mekkah, kenapa? Mekkah paling ganas, paling biadab, asyaddu kufron wanifaqo.... kapan itunya kena liyane gampang. Begitu, jadi karna panas, keras.

Indonesia demikian, ketika terjadi penebangan.... illegal loging, penebangan sampai hilangnya hutan, rusaknya hutan, 59 juta hektar, maka suhu Indonesia panas. Saniki panas kan nggih, Indonesia, panas boten? Cirebon ini yang tadinya 32 drajat selsius, sekarang sudah 37. Jelas panas, panas hutane ilang panas, karna panas, maka ningkat panase, akhirnya ozon itu pecah, --ozon iku lapisan-- matahari punya dua lapisan, lapisan yang dekat arene korona, lapisan yang jauh arane ozon, ozon pecah, maka <....> menembus gunung es dateng kutub utara meleleh menjadi air, sekian gunung jadi air, maka terjadilah tumpahan air ke laut, yang menimbulkan angin yang besar. Angine manjing ning negara, karna --gemien sih dihalang-halangi hutan-- langka hutane. Akhire timbul angin puting beliung, dan lain sebagainya. Karna panase nemen, sing jero bayu, sing jero bumi, bli kuat kepanasan, apa? metu, kuman dan virus; virus flu burung, virus flu babi, hepatitis C, ada lagi lotus --lotus itu seribu kuman. Kuman-kuman uler, kuman.... itu
karna panas. Karna timbulnya panas iniliah, maka bangsa Indonesia menjadi.... menjadi galak, bringas, biadab, demo, pasang pamflet, dan sebagainya. Ini terjadi karna panas. Sebetulnya panas dzohir tidak apa-apa, kalau masih ada dinginnya .... jeroe masih adem. Laaah, sing due adem-adem niku kyai, tidak bringas. Ayo, sing durung demo kari sapa bae?, kari Santri, Pesantren, NU, sing durung demo. Emong panas, emong....

Ketika ada satu kelompok menamakan “Tokoh Agama”, yang dipimpin oleh Ketua Muhammadiyah namanya Prof. Din Samsudin, membuat pernyataan bahwa pemerintah niki “bohong”, NU tidak mau, gitu. Kenapa? Karena kalimat bohong adalah kalimat yang “KASAR”. Sementara warga NU banyak, wargu NU niku patangpuluh juta --sing uripe bae--, durung ngitung sing.... sing matie. Lho, kapan NU wis mati masih NU, buktine mati wa ilaa.... arwahi, kan begitu (nggih). Wa khususe, masih NU. Muhammadiyah, kapan mati wis bli diaku warga Muhammadiyah. Mending NU, wa ilaa ruhi .... Kapan NU mati wa ilaa arwahi, jadi kalau yang mati-mati bangun bagamiana jadinya Indonesia ini ....?. Lha ini, emong. Kalo kyainya kasar, bagaimana umatnya?!.

Nabi Musa, --Wong, Nabi, Rosul, Ulul Azmi, wong soleh, wong paling taqwa-- dikongkon ngomong ning wong kang paling jahat, Firaun. Kongkon ngomonge priben? Faqulla lahu qaulall.... qaulal-layyina. Wong sing paling soleh kongkon ngomong wong sing paling jahat, kongkon ngomonge sing alus. Masa iya kita kang solehe bli kaya Nabi Musa, ngomong ning wong kang jahate bli kaya.... Firaun, masa ya ngomonge kasar. Paham boten pak, kula ngomong?

Nabi Soleh, eh Nabi Musa wong soleh, kongkon ngomong ning Fir’aun wong sing paling jahat. Semono wong sing paling solehe, ngomong ning wong paling jahat kongkon ngomonge qaulall.... layyina, omongan sing alus. Masa iya, kita, kyai, sing solehe bli kaya Nabi Musa, ngomong ning wong --pemerintah sekarang-- sing paling jahate bli kaya Firaun. Masa iya kok ngomonge.... kasar, tidak bisa. Lhooo, niki NU, boten kasar, koten.

Sampean kudu weruh NU, NU iku apa? NU iku tuan rumah. Kenapa tuan rumah? Kyai, Wali, teka ning Indonesia, teka ning Jawa, wong Jawa wis duwe.... wis duwe kyakinan, budaya, adat; mitung dina, matangpuluh, mapag sri, nyatus, sedekah bumi, nadran, apa maning....?

Kyai teka, Yaa Allah .... itu milik tuan rumah itu, milik bangsa Indonesia, milik wong Budha. Kyaie meneng. “Apa kuen kuh?”, “mitung dina kuh apa?”, “mitung dina kuh apa?”, “wong baka mati olih pitung dina teka maning njaluk crutu”, “oooh....”, kyaie meneng. Sujud terus, sujuuud terus.... kyaie kapan bengi.

Ngerti, langka dalile ngerti, tapi meneng. “Kuen sih apa, kuen kuh?”, “anu kyai, memitu”, “memitu kuh apa?”, “wong wadon baka meteng olih pitu kudu diadusi banyue sing sumur pitu, saline ping pitu, dicampur kembang warna pitu, jame jam pitu, tanggale tanggal...?”, kuh lamon tanggal wolu dosa tah konon?. Itu adat, tapi kyai bli ngomong; haram, musyrik, tidak, meneng. Mu’asyaroh, bergaul dengan baik, apa? membaur. Membaur Yaa Allah, kyai mbaure bagus, enak. Ana wong gawe gawe rajeg direwangi, wong gawe solokan direwangi, wong duwe gawe melu ngerewangi, wayahe mangan kyaie mlayu --kyai bengien, tapi.... Wayahe bagi brekat.... mlayu, kyai bengien. Baka kyai kien, baka bli loro nyewot. Wis brekate kudu loro kudu digawakena pisan <....>; Masya Allah....

Ya Allah...., sampe diadang, “kyai tulung niki sing tuan rumah kyai, nyuwun ditrima”, “ya, ditrima”, ditrima. Ning dalan entong, pak. Ya Allah, brekate entong. Brekat jaman bengien luh, pak. Jaman bengien brekat Ya Allah, luar biasa <....> wong mlarat kabeh, pada brekate endong siji disigar dadi papat. Dadi kyai bengien kuh entong ning dalan brekate. Mulane wong jaman bengien jakat mesti ning kyai, mesti entonge dibagi ning tanggae.... kyai bengien.


Para rawuh ingkang kula hormati....

Kyaie bagus, membaur. Ana maning, wong niliki wong sakit. Yaa Allah jaman bengien. Kyai kien niliki wong sakit, niliki wong sakit .... Wong kapan sakit dilitiki bunga boten?. Bungah, kecuali siji wong sakit untu. Aja lokan niliki wong sakit untu.

Priben Pak?”, “sakit, pak kyai”, “coba diobati, ya, didongai?”, “mangga” --durung ana Puskesmas. Didongani : “Bismillahirahmanirahim .... Qul-audzu Birobbinnaas, Malikinnaas, Ilahinnaas, Min Syarril Waswasil Khonnaas, Alladzi Yuwaswisu Fii Shudurinnaas, Minal Jinnati Waaraaas....”, waras. Geger kan, si anu waras bener, waras, waras, kenang kyai. Coba isun anake sakit, didongai, waras, waras, waras, hebat sekali. Uwonge bagus, suka mbantu, gawe penyakit waras, asli sakti. Kyai kira-kira aja udan, donga!, bli udan. Kaya Ki Rohmat mulane, kah. Wayah duwe gawe dewek udan gederan.

Ki Rohmat niku, sampe teka ning Rembang, Ya Allah aja udan!, ilang mendung. Ki Rohmat luar biasa mandie. Engkone deweke duwe gawe, rong dina rong bengi udan. Kuh anake kuh.... haduuuh...., pun?.

Akhir seneng ning kyai, seneng ning kyai, akhire segala gala takone ning.... kyai. Kyai kula kuh bade damel griya kyai, buka tekie pondasie dina apa?. Kyaie endah-endahe ngitung.... Ooh, Senen bae jam wolu ya?, --sebab jam pitu masih turu isune--. Saking senenge ning kyai. Sampe akhire duwe anak, arane takon ning.... kyai. Bagen daranan Sabirin...., Mukadi, bli apa-apa wis, kapan sing kyai barokah, bakale. Satu pertanyaan kenapa sekarang duwe anak arane bli takon kyai?. Masya Allah Pengurus NU duwe anak arane<....>; koplok, kan bocah kuh, Laa ilaha illallah.... Kita bertanya, kenapa tidak tanya pada kyai?. Karna <....>;

Nah, ketika wong sih seneng kyai, ketika wong wis serba kyai, mulai kyai dakwah. Dakwahnya tidak merobah kerangka yang ada, yang ada dijadikan “sarana”. Ngerti sarana bu? Kapan sarana iku adine sarini. Kapan sarana tidak punya hukum, “lil wasail hukmul maqaashid”. Maknane, mitungdinae aja diobah, arane mitung dina. Isie “la ilaha illallah....”. Nyong bengien mitung dina kuh gaple, pak. Mitung dina kuh gaple rong rombongan, pirang rombongan. Kyaie bli, bli anti, kyaie teka. “Wah iku, ana kyai!!”, “Hus, aja, aja. aja lunga”, melu gaple kyaie, molane ustadz-ustadz mesti seneng gaple, pak.

Wuih Kyai niku mbahas gaple luar biasa, sing awit “kien kih apa arene?”, “kosong-kosong kyai”, “Ngerti beli kosong-kosong?”, “ya, kosong-kosong....”, “yaah, arane bli ngerti. Kosong-kosong kuh kosong dzohire, kosong batine, bli due syareat bli due aqidah”.

asale bengiene kyaie, ari jaman kien sih ustadz padu gapla-gaple bae. Sampe teka ning...., langka Pengeran langka apa-apa, akhir ana Pengeran Siji, yaiku Laa ilaha illallah. Laa ilaha illallah niku Laa ilaha langka Pengeran, illallah kecuali Allah, berarti kosong-satu, kyai. Lah kita pengen nyembah Gusti Allah carane priben, kudu nganggo sareat, tuntunane kanjeng nabi. Nabi kita siji Kanjeng Nabi Muhammad, yaiku siji, satu-satu. Kan kira-kira begitu, pak....

Laa ilaha Illallaah, Muhamadun Muhamadubnu Abdullah, luar biasa. Laa ilaha Illallaah, hurufe rolas Muhamadur-Rasulallah hurufe rolas. Laa loro, ilaha telu, dadi lima. Illa telu, dadi wolu, Allahu papat. Wolu karo papat.... rolas. Muhammad hurufe papat, rosul hurufe papat, Allah hurufe papat. Papat-papat-papat.... rolas. Rolas karo rolas.... “balak rolas”. Kapan ana balak rolas metu, mesti poldan. Pokone kapan ana La ilaha Illallaah Muhamadur Rasulallah, Daallat Jami’ul adyan, semua agama hilang, mulane Al-Islamu Ya’lu walaa Yu’la alaih....

<....> mitung dina dadi tahlil, kalo sudah mitung dina jadi tahlil, maka mitung dinae dadi sarana. Kapan sarana laa hukma fih, lianna lil-wasaail hukmahe.... maqashid. Contohe, pak salah satu Sahabat dakwah ning Parsia. Parsia niku wonge nyembahe geni, geni bahasa arabe Naar, tempat geni bahasa arabe Manaar. Manaar isim makan, “tempat geni”, kanggo sembah, bangunane duwur. Kyaie takon “maa hadza?, apa kien kih?”, “hadza manaar, ini manar kyai, tempat geni. Kah genie kanggo disembah”. Dakwah, setelah selesai dakwah, wonge manjing Islam kabeh. Bangunan tempat geni bli dirobah. Genie dibuang, tempate dinggo adzan, tempat adzan arane.... “Menara”, secara etimologi salah. Menara itu tempat geni, kapan tempat a’dzan arane “ma’dzan”. Kenapa tempat adzan arane menara, maknane.... bagen arane menara, asal isie Allahu.... Baagen arane mitung dina asal isie Laa ilaha Il.... lallaah, selesai persoalan, kyai.

Srog, sarjana sing petengtengan bisa beli kah?. Sarjana bisa beli gawe ritual Budha menjadi Islam, gak kan bisa. Kyai Masya Allah bli sarjana-sarjana acan, malah-malah kadang sarungan gen bli nganggo clana jero. Tapi mampu mencipatakan pitung dina sing isie maune gaple menjadi laailaha illallah. Artine mitung dina iku tuan rumah, digawe laailaha illallah membaur dengan tuan rumah, NU adalah tuan rumah. NU tahlil, NU mitung dina, matang puluh, haol, nyatus, apa sedekah bumi, .... niki NU, jadi NU adalah tuan rumah. Paham boten tuan rumah?

Jebool tamu, tahlil haram, ziarah kubur musyrik, tawasul kapir. Nah, pak... sing aran wong tuan rumah, sing arepan ngurusi umah kuh sing tuan rumahe tah tamu?. Sing aran tuan rumah, bocor setitik didandani. Maknane, kalo yang namanya NU mesti Pancasila, begitu loh pak kira-kira, pak. Indonesia ini NU, sing gawe Pancasila ya NU; tahun 45 bulan Agustus, Merdeka. Tahun 45 juga bulan Oktober 22, Kyai-kyai kumpul ning Surabaya --termasuk Buntet-- damel “Resolusi Jihad”; Siji mempertahankan Pancasila, mempertahankan NKRI, Wajib Jihad. Kurang 2 bulan, NU sudah bicara mempertahankan Pancasila. Eeeh, tahun 47 Kartosuwiryo gawe “NI”, luar biasa. Jadi sing arane kyai, NU, pesantren, adalah tuan rumah. Sing tukang ngaram-ngaramaken ziarah kubur hanyalah “pendatang”. Kapan pendatang bli arepan ngurusi negarae, bli arepan ngurusi umahe, bli <....> bli apa, dudu umahe kita, tapi kali NU mesti .... Mulane, wahai semua pihak, jangan curigai NU, NU pasti Pancasila, tidak mungkin NU menjadi terroris.... karna NU adalah tuan rumah.

Berhubung wis bengi Kang Saide bli teka-teka, ya sampun mawon lah..... aja suwe-suwe. Yaa arane gen cadangan. Konon nggih....? kadose meketen, pun.

Kontak dzohir, kontak batin lebih kuat daripada kontak dzohir. Coba lebih kuate pripun, lebih kuate?

Sampe kyai, kyai dateng Kanjrng Nabi --kula gadah sholawat, kitabe arane Alfu Sholawaat, 1000 shalawat. Ilang mbuh disilih ning kyai sapa?, wangsul sing Mekkah. Tek gulati maning, tokoe wis digusur, dateng Samiyah. Yaa Allah pripun?

<....> Nariyah iku, mlarat bae pisaan.... maning. 100 ribu shalawat. Kenapa kyai kok banyak sekali shalawatnya?, sampe kula diwarahi Kyai Mahrus, sira sallallahu alaihi wasallam sedina ping sewu, baka wis <....> 10 ewu ya? “nggih”. Padu nggih bae

Kenapa?, pengen kontak, karo Kanjeng Nabi. Sebab Kanjeng Nabi wong sing parek karo Gusti.... Allah. Eh, pak ari Gusti Allah Maha Suci, baka kita iki maha kotor. Cangkem kita tes ngomong setan-bedul-babi-kunyuk, toli metu maning Ya Allah, pantes tah? <....> tadinya keluar kunyuk, dan menyebut keluar “Allah”, bli pantes. Bli pantes, kotor!. Molane jare Gusti Allah durung wayahe teka ning teka ning Isun. Delengen, Allah nguapai ayat “Bismillah”, kenapa tidak “Billah”?! Kenapa “Bismillah”, durung wayahe.

<....> masih punya kepentingan, mulane nembe duwe asma, nembe kontak karo “Asma”. Ari asma kuh sesuai dengan kepentingan. Kiih sampean duwe penyakit, pengen waras. Yaa Allah, dudu Yaa Allah nyatane, “Yaa Syafii”, Hee Dzat Sing Ngwasaken. Sampeyan mlarat pengen rejeki; Yaa Allah.... dudu Yaa Allah nyatane, “Yaa Rozzaq”. Kapan Yaa Allah, tidak punya kepentingan. Yaa Allah, bagen sira mlarat sanggine, Yaa Allah, sakit sanggine Yaa Allah, Itu baru Yaa Allah. <....> Yaa Allah.... njaluk rejeki, Yaa Rozzak arane. Belum, belum sampai. Kita masih jauh dari Allah.

Contoh konkrit, ana umah baguus pisan, ning jeroe indah. Ana bocah wadone.... --ayu kuh luar biasa-- ayuuu pisan, tapi ning jabae Satpam, herder, penjagae galak. <....> pengen manjing sentak ning satpam. Kira-kira bisa manjing priben carane? Ayo. Nembe tongol disentak ning Satpam. Kira-kira bisa manjing pen weruh jeroane priben? Kenalana tukang banyue, tukang ngangsue, atau tukang sukete. Kapan kenal karo tukang ngangsu saged manjing boten? Nah... kalau Allah terlalu jauh, supaya bisa parek karo Allah, priben kue sing kotor li?. Parekana Kanjeng Nabi, ya kanjeng nabi parek karo... Gusti Allah. Carane didodokena ning Gusti Allah, priben? Ya Ayyuhalladzina Amanu Shoolu Alaihi Wasllimuu ...., macaha sholawat <....>.

Jawab pak, Kanjeng Nabi butuh boten ning sholawate sampean? Bli butuh! Sholawat model apa? kader sholat ana genjringe, ana gendange, ana piule pisan. Kanjeng nabi bli butuh ning sholawate sampean, sebab kanjeng nabi wis disholawati oleh Allah; Innallah wamalaikatahu .... walau kaana bimana <....> Kanjeng Nabi wis disholawati ning Gusti Allah, bli butuh ning sholawate sampean, tapi kenapa kita masih dikongkon sholat ning Kanjeng Nabi? Supaya sira parek karo Kanjeng Nabi. Kapan parek karo Kanjeng Nabi, parek karo.... Kyai gawe sholat supaya parek.

Kontak batin terjadi, begitu maca sholawat, terus, terus, terus, ka'annahu ro’a Rasulallah.... seakan katon Kanjeng Nabi. Barang katon Kanjeng Nabi, bli kuat, ngadeg, begitu ngadeg cangkeme bli tahan : “Marhaban Yaa Nurol Aeni”, selamat datang. Selamat datang, kalimate.

Goblog temen moni slamat datang langka uwonge, kan. Bener boten? Bli pati-pati moni slamat datang karna.... eeeh

Lagi ndodok marhabanan, ketemu : “Yaa Nabi Salam....”, ngadeg-ngadeg-ngadeg, kongkon ngadeg. Ana sing takon : “Kyai punapasih ngadeg kuh kyai, kanggo nglempengna boyok tah?”, “hush!!!, boyok kang dipikirena”. Dudu boyok, Kanjeng Nabi teka, weruhe....?

Lha, niki. Apa maning karo Kanjeng Nabi, wong karo Gusti Allah bae ka Anta’budallah Kaanaka.... Taroh!, bisa melihat Allah, apa maning karo Kanjeng Nabi. Luar biasa....

Ini kontak batin, diwarahi. “Cung, jare sira tes duwe anak?”, “enggih....”. “Puputane Marhabanan ya?, dundangi tangga ya?”, “nggih...”.

Mangga para tangga, ibu nyai, wa kaji, bapak-bapak, dipun aturi, marhabanan....”, “napa?”, “puputan”, “ning umahe sapa?”, “ning umahe bapak Ami”, “Masya Allah.... bapak Ami wis tua-tua masih puputan bae”. Bli apa-apa, wis lagi usume. Bapak Ami wis tua-tua masih puputan bae, bli apa-apa. diwacakena apa? Marhabanan, kan? Kenapa sih bayi diwacakena marhabanan? Jare kyaie “sedurunge bayi kenal sapa bae, sodoraken dingin ning Kanjeng Nabi”. Astaghfirullahal adzim, kontak batin. Sodoraken dingin ning Kanjeng Nabi, sedurunge kenal karo segala-gala kuh.... sodoraken dingin ning Kanjeng Nabi.

Yaa Allah, bayie ning jero dibedong. Wonge ning arep maca, maca perjanji : Aljannatu Wanaimuha Sa’dul liman yusholli, Yusholli Wayusallimu Wayubariku Alaiih, --bayie ning jero-- Abtadiul Imlaa’a Bismidzatil Aliyah, Mustadirran Faidal Barokaati ‘Ala Ma’ Ana Lahu Wa Awlaah.... bayi ditokna durung?, durung masih ning jero, masih ning jero.

Trus ganti ustadz maning, ustadz kapingdo maca : Waba’du, Faaquulu huwa sayyiduna Muhammad .... ustadz kapingdo suarane blenak.... [gerrrr]

Bayi durung tokena, Ustadz kaping telu maca : Walamma tamma min hamlihi syahroni ala masyhuril aqwaamil.... marwiyyah. Tuwuffiya bil madinatil munawwarati abuuhu Ab.... dillah. Wakana qodi <....>

Jare dewek sih baka pengurus NU kuh kudu apal berjanji konon jare dewek siiih. Pengurus NU bli lokan berjanjian, Innalillahi.... Paingan masjide gah direbut ning Wahabi. Masjid kula saniki dijuk Muhammadiyah, Wahabi, <....> sing salah kiyai, bli lokan.... Laa ilaaha Illallaah, nyalahaken Wahabi. Bonggane sapa sing bli lokan ning masjid. Bli lokan marhabanan, ya direbut Wahabi, kan?

Wiiis, bayi ditokenang durung?, durung. Barang teka ning : “Yaa Nabi Salam Alaika, Yaa Rasul Salam Alaika.... Marhaban, selamat datang wahai Kanjeng Nabi. Ning jero geger, gagian gawa metu, bayie, wis Yaa Nabi.... kan begitu. Ditokena....

Kenapa Nabi ditokenae nembe kien?, karna.... Kenapa bayi ditokenae nembe kien, karna nabi tekae nembe kien. Maaf, kyai sapa bae, srog ndodok pirang jam bae, bli arepan tek tokena Nabi, eh bayi, sadurunge Nabi taka. Dadi jelas bayi ditokena karna.... karna Kanjeng Nabi, dudu karna ustadz. Mulane sing dadi ustadz aja ge-er.

Kesimpulan, inilah pelajaran dari ulama menciptakan alaaqoh ruhiyah. Imam Ghozali kongkon nyapu, Imam Sayid, Syehk Abdul Qodir Jaelani napa wau....? dijeburakan ning kali. Apa? menciptakan kebersihan jiwa, kalo jiwanya sudah bersih nembe kena dieseni ilmu yang manfaat. Barang muballeghe kotor sampeane belok, pragat. Paham pak nggih? Meniko, dados kyai-kyai, NU, pesantren lebih mengutamakan pendidikan.... jiwa tarbiyah ruhiyah, daripada pendidikan, pendidikan apa arane.... dzohir. Mulane kyai, kapan bli mulang, santrie alhamdu....lillah, --bocah kurang ngajar bli sih kang?-- Sukikie prei maning, seminggu bli mulang alhamdulillah bae antem. Kenapa? Karna senajana bli mulang, kyaine ndongakaken. Ndongae kyai lebih mandi daripada wekele kita. Laa ilaaha illallah --kurang ajar. Srog guru SMA setengah wulan bli mulang diprotes bli wurung, karna tidak punya kontak batin.

Mekaten, sampean dugi mriki kontak batin, kontak batin lebih dekat, konak batin lebih kuat, Insya Allah barokah Haul lebih kuat dan lebih dekat dateng kita sedoyo, Amien, Yaa Robbal Alamiiin....

Pangapunten matur nuhun, Wallahul Muwafik Ilaa Aqwaamith-Thaariq –Kang Saide dereng rawuh-- Wassalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

2 komentar: