Senin, 22 Juni 2009

Prabowo Teka ning Gedongan

Melu bungah tur bangga krungu lan maca brita sing akeh dirilis ning pirang-pirang media ning internet; Gedongan ditekani karo Jenderal (Purn.) Prabowo, Calon Wakil Presiden RI sing diusung bari PDIP pimpinan Megawati Soekarnoputri lan Partai Gerinda.

Mengkenen jare britae ....



i). Prabowo Sambangi Ponpes Gedongan Cirebon
ii). Sambangi Ponpes Gedongan, Prabowo Dicegat Pak Tua
iii). Prabowo Minta Restu Pimpinan Ponpes Gedongan
iv). Prabowo Disambut Ribuan Santri Cirebon
v). Prabowo Temui Kiai, Ngomong Soal Ekonomi Kapitalis
vi). Prabowo, Tak Ahli Ceramah Tapi Ahli Perang
vii). Prabowo Tandatangani Kontrak Politik...
viii). Prabowo Kontrak Politik di Cirebon
ix). Ke Cirebon Prabowo Teken Kontrak Politik dengan Nelayan
x). Prabowo Janji Cabut SK Menperdag

Wis lumrahe --ning endi enggon-- ari ana pejabat mudun teka ning kampung atawa dusun, mesti ana karephe. Kaya saiki sing lagi usume pilian presiden, rame-rame deweke gelem blasak-blusuk nekani pelosok kayadene Gedongan.

Asal tujuane pancen nganggo nyambung seduluran atawa sillaturrahim, Insya Allah dadi baguse, malah iku dianjuraken karo kanjeng nabi. Tapi lamon tujuane padu kanggo ngumbar janji, ngumbar basa lan basi, kien sing diemani. Rayat maning, rayat maning sing dadi korbane, korban prasaan merga sering dikecewakena.

Mangkane, dadi rayat kudu pinter, kudu melek dunia politik, kambisan ora dibebodo bae, tur kambisan ngerti endi salah lan benere.

Wis endah, rayat dikon nentukaken dewek pilihane, bli susah ditudukaken sing endi-endie. Bagen endah sekarepe pan milihe apa, rayat sakien wis pinter sing pengalamane ....

Kesuwun ....

1 komentar: