Senin, 20 April 2009

Dhialek Cerbonan

DHIALEK CERBONAN utawa uga diarani Basa Cerbon iku sajenis dhialek basa Jawa sing dipituturake ing pesisir lor Jawa Barat utamane mulai tlatah Cilamaya (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakanagara (Subang), Indramayu, nganthi Cirebon lan Losari Wetan, Brebes, Jawa Tengah.

Biyen basa iki kanggo perdagangan ing pesisir Jawa Barat mila Cirebon dhadi salah sijining pelabuhan pratama, khususe ing abad 15-17. Sadhurunge, basa iki ora bedha karo Basa Jawa Soloan, namung pramila abad 17, basa Cerbonan mulai katon bedhane oleh kena pengaruh lokal kaliyan pengaruh Basa Sundha. Basa Cerbon uga tansah mertahanke wujud-wujud kunaning Basa Jawa Tengahan (kayata ukara-ukara lan pangucapan) sing wis ora diangge maneh karo Basa Jawa Baku.

Basa Cerbon ya diajarke ning sekolah-sekolah wilayah Cirebon kaliyan Basa Sundha. Ing tlatah Cirebon, basa iki dituturke karo mayoritas penduduke kecuali kecamatan-kecamatan sing awates Majalengka lan Kuningan sing nganggo Basa Sundha. Basa Cerbon luwih dominan ing Indramayu utawa diarani Dermayon.

Upami :

Kepriben kabare, cung? : Kepriye kabare, cah-cah?
Isun lunga sing umah : Aku lunga saka omah
Aja sok gumuyu bae : Aja gemuyu wae
Sira arep mendhi? : Kowe arep menyang endhi?


Mugi mirsani

sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Dhialek_Cerbon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar